Jumat, 20 Mei 2016

Pengalamanku

Dolan ing pantai kosakora


Ing wektu bar UAS sekolah aku lan konco kelas lungo ing pantai kosakora. Ing perjalanan meyang pantai nemoni akeh kejadian lucu lan aneh.
Wktu meyang, aku lan konco konco mubeng – mubeng sikek neng daerah mangunan. Gegarane sek mimpin dalan lali dalane. Mbasan ketemu konco sekditunggoni, lagi iso nerus ake menyang kosakora
Ing wilayah mangunan kui yo eneng kedadean liane. Yoiku motor kang ditumpaki koncoku ono sing ora kuat munggah gunung. Akhir e koncoku kui mau ditunggone ing mburine nganti entok medunan.
Kedadean ketelu. Koncoku sek inisial e A meh arep nyrempet trek. Trus sik A kui mau yo meh arep ketabrak konco sek tak boncengi. Masalahe sik A kui mau nyabrang ora ngetke kiwo tengene. Pas arep nabrak kui mau koncoku lan aku neng posisi 70 km/jam bantere. Trus  koncoku kui mau ngerem ndadak nganti ban mburine mandek lan muni ciiiiiiitttttt…… aku lan koncoku meh arep tibo seko montor. Banjur sik A ijolan ngon karo sek diboncengke.

kui mau pengalamanku dolan pisanan karo konco kelas. Endi ceritamu?

Selasa, 10 Mei 2016

Geguritan

Ngarit

Saben dina menyang ing sawah
Menyang kanggo golek suket
Wedhene padase ngentang-ngentang
Wedhene udhane dheres
Kowe tetep nglakoni gladenmu
Kanggo makani kewanmu
Kanggo nguripi kewanmu
Kowe tetep nglakoni kanthi ikhlas
karya: kula lan konco konco