Dolan ing
pantai kosakora
Ing wektu
bar UAS sekolah aku lan konco kelas lungo ing pantai kosakora. Ing perjalanan
meyang pantai nemoni akeh kejadian lucu lan aneh.
Wktu meyang,
aku lan konco konco mubeng – mubeng sikek neng daerah mangunan. Gegarane sek
mimpin dalan lali dalane. Mbasan ketemu konco sekditunggoni, lagi iso nerus ake
menyang kosakora
Ing wilayah
mangunan kui yo eneng kedadean liane. Yoiku motor kang ditumpaki koncoku ono
sing ora kuat munggah gunung. Akhir e koncoku kui mau ditunggone ing mburine
nganti entok medunan.
Kedadean ketelu.
Koncoku sek inisial e A meh arep nyrempet trek. Trus sik A kui mau yo meh arep
ketabrak konco sek tak boncengi. Masalahe sik A kui mau nyabrang ora ngetke
kiwo tengene. Pas arep nabrak kui mau koncoku lan aku neng posisi 70 km/jam
bantere. Trus koncoku kui mau ngerem
ndadak nganti ban mburine mandek lan muni ciiiiiiitttttt…… aku lan koncoku meh
arep tibo seko montor. Banjur sik A ijolan ngon karo sek diboncengke.
kui mau
pengalamanku dolan pisanan karo konco kelas. Endi ceritamu?
