Padhepokan Seni & Budaya ‘Boediardjo’ Nggelar Wayang Golek Menak lakon ‘Jagad Jabalkap’
Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Para pembaca setia blog,
PAGELARAN
wayang sing diadani saben wulan ing Padhepokan Seni & Budaya Hotel Pondok
Tingal Borobudur, rikala dina Setu Pon tanggal 24 Mei 2014 kepungkur, beda karo
adate. Amarga ing wengi kuwi pagelaran
wayang pakeliran padhet nggelar Wayang Golek Menak kanthi dhalang Ki
Wido Senoaji saka Kabupaten Kebumen sing mbeber lakon ‘Jagad Jabalkap’.
Pagelaran wayang golek menak iki minangka pagelaran sing kaping 213 wiwit
padhepokan iki ngadani pagelaran wayang rutin ing minggu pungkasan saben wulan
Lakon
wayang Menak asesirah ‘Jagad Jabalkap’ kapethik saka Crita Menak saka tlatah
Timur Tengah mau nggambarake kahanan krajan ing Jazirah Arab. Manut critane ki
dhalang, Amir Ambyah utawa Wong Agung Jayengrana minangka raja Islam sing kasil
mlebu ana ing alam ghaib, jagade para jin. Raja Amir Ambyah sing kadherekake
abdi setyane, Jiweng, ing alam kajiman mau bisa ndhaup Ismayawati putrine Raja
Jin Abdul Separi saka Krajan Ngajerak. Dhaupe Raja Amir Ambyah karo Ismayawati
mau gawe murkane Raja Jin Samaduna saka Krajan Jabalkap. Amarga satemene Raja
Jin Samaduna saka Krajan Jabalkap uga duwe karep ndhaupake Ismayawati karo Raja
Himprit, adhine Raja Jin Samaduna. Wusanane raja Krajan Jabalkap mau ngerigake
wadya bala jin saperlu nglurug perang menyang Krajan Ngajerak. Sajrone andhon
yudha ing antarane krajan loro mau, wusanane Amir Ambyah minangka putra mantune
Raja Jin Abdul Separi bisa ngasorake lan merjaya Raja Jin Samaduna, awit saka
kasektene. Saengga Amir Ambyah tetap dadi putra mantune Raja Jin Abdul Separi.
(Amat Sukandar)
sampun cekap sekmenten, pawarto ingkang dina niki, kula nyiwun pamit...
Wassalamu'alaikum Wr.Wb.







