Selasa, 24 November 2015

PAWARTO

Padhepokan Seni & Budaya ‘Boediardjo’ Nggelar Wayang Golek Menak lakon ‘Jagad Jabalkap’


Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Para pembaca setia blog,
PAGELARAN wayang sing diadani saben wulan ing Padhepokan Seni & Budaya Hotel Pondok Tingal Borobudur, rikala dina Setu Pon tanggal 24 Mei 2014 kepungkur, beda karo adate. Amarga ing wengi kuwi pagelaran  wayang pakeliran padhet nggelar Wayang Golek Menak kanthi dhalang Ki Wido Senoaji saka Kabupaten Kebumen sing mbeber lakon ‘Jagad Jabalkap’. Pagelaran wayang golek menak iki minangka pagelaran sing kaping 213 wiwit padhepokan iki ngadani pagelaran wayang rutin ing minggu pungkasan saben wulan

Lakon wayang Menak asesirah ‘Jagad Jabalkap’ kapethik saka Crita Menak saka tlatah Timur Tengah mau nggambarake kahanan krajan ing Jazirah Arab. Manut critane ki dhalang, Amir Ambyah utawa Wong Agung Jayengrana minangka raja Islam sing kasil mlebu ana ing alam ghaib, jagade para jin. Raja Amir Ambyah sing kadherekake abdi setyane, Jiweng, ing alam kajiman mau bisa ndhaup Ismayawati putrine Raja Jin Abdul Separi saka Krajan Ngajerak. Dhaupe Raja Amir Ambyah karo Ismayawati mau gawe murkane Raja Jin Samaduna saka Krajan Jabalkap. Amarga satemene Raja Jin Samaduna saka Krajan Jabalkap uga duwe karep ndhaupake Ismayawati karo Raja Himprit, adhine Raja Jin Samaduna. Wusanane raja Krajan Jabalkap mau ngerigake wadya bala jin saperlu nglurug perang menyang Krajan Ngajerak. Sajrone andhon yudha ing antarane krajan loro mau, wusanane Amir Ambyah minangka putra mantune Raja Jin Abdul Separi bisa ngasorake lan merjaya Raja Jin Samaduna, awit saka kasektene. Saengga Amir Ambyah tetap dadi putra mantune Raja Jin Abdul Separi. (Amat Sukandar)

sampun cekap sekmenten, pawarto ingkang dina niki, kula nyiwun pamit...

Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar